/* menu 1 */
  • Home
  • Daftar Isi
  • Free Counter

Minggu, 23 Januari 2011 Mas Dab

      Mas dab,, kata2 iku sing biasane dinggo wong2 jogja, alesane kpiye aku yo ra patek mudeng. Sopo sing gawe aku yo ra dong,, tapi jare konco2ku,, nek "Mas Dab iku artine podo wae, podo2 artine "mas".
     Jare lekku,, kok iso koyo iku dijipuk seko aksoro jowo,, maksute "da" iku  larik karo "sa",, lan "ma" selarik "ba". Isone diwoco mas dab,, ale moco disilang,, gambarane koyo iki :




   "Da" ono ning larik nomer loro,, "Sa" ana ning larik nomer telu seko "Da" ,
   "Ma" ono ning larik nomer papat,, "Ba" ana ning larik nomer telu seko "Ma",
    Nah yen diwoco silang,, "Da" --> "Ba"
    lan "Ma"--> "Sa"

"Ba" dipangku ( sandangan aksoro jowo ) dadi "B",, lan "Sa" dipangku ( sandangan aksoro jowo ) dadi "S"


Saiki digabungne,, "Da" + "B" dadi "DAB" lan "Ma" + "S" dadi "MAS",, tapi biasane wong jogja le moco diwalik,, dadine MAS DAB,,,,,

Nb : --> Gambare aku jaluk koncoku,, jenenge Anggun Rengkarnasi Bekicot
        --> Iku jare Pak lek Q..
Bantu Shere lewat ya...

0 koment:

Posting Komentar